Teks Pidato Bahasa Jawa Tema “Perpisahan Ing Sekolahan”

Assalamualaikum Wr.Wb

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan,                                                                                 
Bapak Ibu Guru ingkang minulya,                                                                                                 
Bapak Ibu Wali Murid ingkang kawula bekteni,                                                            
Para rencang kelas 9 ingkang kawula tresnani, kaliyan                                                                     
Para rayi kelas 7 lan 8 ingkang kawula banggaaken

                Saderengipun kula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, langkung rumiyin sumangga kita sareng ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti ingkang Maha Kuwaos, awit paring rahmat, taufik, sarta hidayahipun. Saengga kula ugi panjenengan sedaya saged pinanggihan wonten panggenan ingkang sae punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan,
                Ing wekdal punika kula badhe medharaken pidato bab perpisahan kula ugi para rencang kelas 9 kaliyan sekolah SMPN 4 kutha Malang ingkang kita sedaya tresnani. Saderengipun niku, ingkang tunggal sumangga kita sareng ngaturaken syukur dhumateng lulusipun rencang-rencang kelas 9 ing SMPN 4 kutha Malang niki kaliyan biji saya sae. Ugi kula ngaturaken matur nuwun dhumateng Bapak Ibu Guru kaliyan para tiyang sepuh sampun paring ilmu lan restunipun marang kula ugi para rencang kelas 9. Amargi mboten kalih sedaya kula kaliyan para rencang mboten saged lulus ing SMPN 4 kutha Malang niki kaliyan biji saya sae.

Para rawuh ingkang mangayu bagya,
                Kita sedaya tamtu taksih emut kaliyan perjuangan ingkang kula ugi panjenengan sedaya lakokaken selami 3 tahun kepengker. Bapak Ibu guru ngucalipun kula ugi para rencang saya sabar. Tarumpama para rencang ingkang susah diucalipun. Bilih punika, Bapak Ibu guru purun ngucali kula ugi para rencang. Ugi para tiyang sepuh saya sabar mangerteni putra lan putrinipun tansah dados putra lan putri ingkang saged bahagiaken tiyang sepuh. Sedanten dados pangeling-eling wonten kita sedaya.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan,
                Ingkang katiga, kula badhe maringi semangat kaliyan dunganipun marang rayi kita sedaya kelas 7 lan 8. Belajar ingkang tekun. Ngabekti marang guru lan tiyang sepuh. Dipunraih cita-citanipun kaliwat nuntut ilmu wonten SMPN 4 kutha Malang ingkang katresnan. Mugi-mugi kita sedaya diparingi kelancaran nuju kesuksesan.

                Cekap semanten atur kawula. Menawi wonten atur kawula ingkang kirang nuju prana ugi tindak tanduk ingkang kirang suba sita, kula nyuwun gunging pangaksami. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb


                

Komentar

Postingan Populer